Minggu, 22 Februari 2015

Soal IPA

1.      Dalam pengeluaran zat pada tumbuhan, yang dimaksut pendarahan adalah ...
a.      Pengeluaran zat dalam bentuk tetes-tetes air melalui celah
b.      Pengeluaran air dalam bentuk uap
c.       Pengeluaran zat melalui proses yang disengaja
d.      Keluarnya darah pada tumbuhan
2.      Keadaan tumbuhan yang menunjukkan gejala etiolasi disebabkan oleh ...
a.      Pertumbuhan lambat dalam kondisi ada sinar
b.      Pertumbuhan cepat dalam kondisi tak ada sinar
c.       Pertumbuhan lambat dalam kondisi tak ada sinar
d.      Pertumbuhan cepat dalam kondisi ada sinar
3.      Bahan pewangi dari ekstrak usus ikan paus adalah ...
a.      Castorium
b.      Gray amber
c.       Civet
d.      Ambergis
4.      Pada  ¼  gelombang memerlukan waktu 0,2 sekon. Jika panjang gelombang 5 meter, maka berapa cepat rambat gelombang tersebut?
a.      6,25 m/s
b.      62,5 m/s
c.       5,25 m/s
d.      0,625
5.      Perhatikan pernyataan di bawah ini!
1. Berbanding lurus dengan panjang dawai
2. berbanding terbalik  dengan akar tegangan dawai
3. berbanding lurus dengan akar luas penampang dawai
4. berbanding terbalik dengan akar massa jenis dawai
pada pernyataan di atas, yang termasuk hukum marsenne (tinggi rendahnya nada yang dihasilkan oleh dawai yang bergetar) adalah ...
a.      1, 2, dan 4
b.      2 dan 3
c.       1 saja
d.      4 saja
6.      Lensa yang digunakan pada teropong bintang adalah ...
a.      Lensa cembung (lensa obyektif) dan lensa cekung (lensa okuler)
b.      Lensa cembung (lensa obyektif) dan lensa cembung (lensa okuler)
c.       Lensa obyektif, lensa pembalik, dan lensa okuler
d.      Lensa cekung (lensa okuler) dan prisma kaca

Drama Bahasa Jawa - lengkap

Naskah Drama


Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip wong wedok kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung     : “Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu              : “Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene. Awak         dewe uwis urip kecukupan, seneng tanpa ana sing ganggu, arep njaluk    sing piye maneh ibu iki.”
Bandung     : “ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu              : (mesem ngguyu) “Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur     nyayang anake).”
Bandung     : “Lho, saestu Bu.”
Ibu              :”Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.     Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.”
Bandung     : (mesem)”Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu. Saktemene kula ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten kepenak,Bu.”
Ibu              : “Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki        ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?”
Bandung     : “Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos    sakniki kok kula taksih bingung.”
Bandung     : “Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?”
Ibu              : “Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing     pantes. Kowe saiki wis gede,  ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.”
Bandung     : “Ana apa,Bu?”
Ibu              : “Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.”
Bandung     : “dados bapak tasik sugeng bu?”
Ibu              : “Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.      Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno          pesen – pesen ibu iki.”
Bandung     : “inggih, Bu.”
Ibu              : “Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.        Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda  kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok           temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan     sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu           dhewe.”
Bandung     : “Inggih,Bu.”
Ibu              : “Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa     selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu          percaya yen kowe iku anake.”
Bandung     : “Matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara.  Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu  niki .”
Ibu              : “Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yo anakku sing tak tresnani.”
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.
Jin               :”Sampean sapa?”
Bandung     :”Aku Bandung”
Jin               :”Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung     :“Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe iso bantu aku nggoleki
Ramaku?”
Jin               :”aku ora iso
Bandung     : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe iso njaluk opo wae sing kowe karepake.”
Jin               :”yo wes , gawe bantu kowe aku wenehi telu panyuwunan.”
Bandung     :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin               :”tak turuti panjalukmu” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe  panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.   
Patih Gupala        : Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang             :Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana ngendi Ramaku?
Patih Gupala        : (menyembah)Nyuwun sewu Roro.(mikir-mikir)Prabu Boko…
Jonggrang             : Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar sing ora ke penak Patih?
Patih Gupala        : Inggih Roro.
Jonggrang             : Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)." Cerita karo aku Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala        : Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang             : Haa? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten                        Goroh Patih?
Patih Gupala        : Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung Bondowoso nusukkaken kerisipun.
Jonggrang             : Rama…(nangis)”
          Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung               :” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?
Jonggrang             : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung               : Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede iki (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu tenan  kowe. Apa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang             : (mbatin)”Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.”
Bandung               : ”Halah!!!,trimo wae, Aku iki ngganteng. Kena apa kowe ora gelem? Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang              : Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sewengi wae. Yen kowe kasil, aku gelem kok pek bojo.
Bandung     :   Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi wektu sewengi?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat liyane.Arep tok nggo ngopo candi iku.
Jonggrang   : Kula tetep pengen digawekke sewu candi. Iku panjalukku.buktekno yen kowe tresna aku Bandung.
Bandung     : Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?
Jonggrang   : Aku nyuwun sewu candi!!(karo arep nglungani)
Bandung     : Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo    
                     kowe, bakal tak gawekake sewu candi.(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung     :”Jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin               :”Iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung     :”Aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin               :”Yo, tak turuti panyuwunmu, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang : Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.
Dayang      : La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri, miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun badhe kelar to Putri.
Jonggrang : La terus apa sing kudu tak  lakokake.aku ora gelem rabi karo
                     Bandung.
Dayang     : Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
                    Prambanan, kongkon wong wadon numbuk pari, lan bakar ya jerami.
                    Sing ana ing kandange pitik. Awak dewe gawe suasana bengi iki
                    seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
                    isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
                    kembang.”
Dayang      : Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake  gawean kuwi.”                
Jonggrang : Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.
Dayang      : “Inggih ndara.nyuwun sewu.
          Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin: Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet  ngaleh iki. Yen ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi iki?”
          Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani Jonggrang.
Bandung   : Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang : Opo tenan?Apa kowe wis bisa gawekake aku sewu candi?”
Bandung   : Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang : Aku ora percaya.
Bandung   : kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.
Jonggrang:Tapi iling janjimu, yen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
                   kowe ora bakal ngolehake aku, Bandung.
          Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang : sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung : Hah?sing tenan.kowe mesti salah ngitung.”
Jonggrang : aku uwis bola bali ngitung, nanging asile pada. cacahe candi iki
mung 999 .”
Bandung :yawis, kan mung kurang siji wae, uwis ana 999 buah.  Engko bakal dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.
Jonggrang :ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki aku. Utawa aku
                    sing bakal minggat.”
Bandung : Ha?sak wise aku nggawe 999 candi, apa mung iki balesanmu
                    Jonggrang”
Jonggrang : Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentak) akonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung : Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang :pancen ngono toh nyatane!
Bandung : Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyoba
                   gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi sia sia wae pengorbananku
                   iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
                   , lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
                   Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung kang aran Roro Jonggrang.



















para paraga


Asma
Watak
Ibune Bandung
Sabar, mbeneh, penyayang
Bandung Bondowoso
Sekti, sombong, angkuh, serakah, licik, ora nepati janji
Jin Bondowoso
Licik, serakah
Patih Gupala
tukang menehi informasi
Roro Jonggrang
Sabar , ora gampang percaya lan manut omongane uwong sing kelakuane ala
Dayang
due akal pinter




Jlentrekake unsur drama
Tema  :    
Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip wong wedok kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso nggawe  panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.   
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dipateni mau?
Bandung Bondowoso meksa Roro Jonggrang supaya gelem didadekake bojone. Nanging Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa. Bandung wong kang sekti, ora mungkin bisa dilawan.Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang gelem dirabi yen Bandung bisa mbangun 1000 candi ing suwengi.Bandungbanjur  nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar.Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekani Jonggrang.
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung Jonggrang ngomong yen candi kui mau ana 999 kurang 1. Bandung banjur ngutuk Jonggrang supaya nggenepi candi kui mau supaya bisa dadi 1000.
Ora let suwe,moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung kang aran Roro Jonggrang.

Dudutan


Kita yen uwis dadi wong seng drajate luwih duwur, aja gampang due tingkah ala, sombong lan serakah dening jabatan, kita kudu tetep ngormati uwong kang luwih tuwa utawa luwi enom, ora mandang teka jabatan. Kita yo aja ngumbar – ngubar janji, sukur – sukur bisa kelakon, yen ora, kita malah rugi lan celaka dewe. Aja gampang duwe tingkah ala lan licik marang kanca, yen pegel marang kanca aja suk ngomong sing ala ala supaya ora ana kadadean sing ora dipinginne, malah malah donga kui mau malah mbalek ing awake dewe.